Senin, 20 Juni 2011

soal untuk anak SD kelas 1

A. Rungokno lan tindakna perintahe gurumu!
Ngadeka ing sandinge mejamu
Lungguha maneh ing kursimu
Coba pimpinen ndonga
Bukaen LKS Basa Jawa kaca 27

B. Coba tindakno tuladha iki!
  1. Nggosok papan tulis
  2. Mbukak lawang
  3. Nyulaki meja
  4. Nyapu kelas
  5. Wacaen LKS kaca 29










A. Praktekno gambar ing ngisor iki!
B. Opo sing kok ucapke nalika:
  1. Ketemu guru ing dalan
  2. Njaluk pangapura marang kancamu amarga garisane mook ceklekne
  3. Ijin marang ibumu yen kowe arep dolan
  4. Kowe diparingi hadiah dening bapakmu










A. Wacanen sing banter!
Saiki dina Sabtu
Kelas siji olahraga ning lapangan
Sing mucal olahraga pak Siswanto
Olahragane kasti
Kabeh pada seneng
Kabeh pada sorak-sorak yen ora kena bal
Tim sing menang atine tambah bungah lan bangga

B. Wacanen ukara iki kanthi lagu lan pocapan sing bener!
  1. Maca buku
  2. Budhal sekolah
  3. Turu awan
  4. Mangan sega goreng
  5. Tuti tuku buku
  6. Nana numpak dokar
  7. Mbah kakung dhahar bubur
  8. Bapak maos Koran
  9. Bukaen cendelane
  10. Sinau sing mempeng



A. Jangkepana ukara ing ngisor iki kanthi milih tembung sajroning kotak!

Ngrumat
Mancing
Masak
Bal-balan
Nandur

Bu Bani ……. pari ing sawah
Pak Mali ……. bebek ing kandang
Tebe lan kanca-kacane lagi …….
Ibu lagi ……. ing pawon

Tito lan Anto lagi ……. Iwak


B. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo ukara jejeg sambung!
  1. Anita nyilih buku ning perpustakaan
  2. Anton makani pithik ning mburi omah
  3. Ibu mundhut bayem lan kangkung
  4. Sari nyapu latar
  5. Aku sarapan sega lan tempe goreng


Uji Kompetensi”
A. Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, utawa c kanggo jawaban sing bener!
1. Tuku buku ing toko …….
a. sepatu
b. klambi
c. buku
2. Bapak nandur pari ing …….
a. sawah
b. lapangan
c. kolam
3. Sregep sinau ben …….
a. pinter
b. bodho
c. sakti

4. Ibu blanja sayuran tindak nyang …….
a. sekolah
b. pasar
c. masjid
5. Ratih numpak bi sing …….
a. stasiun
b. terminal
c. bandara

B. Jangkepana ukara ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!

Pak Mundir lagi ……. kembang
Mira lagi …….
Pak Indra maos …….
Bocah-bocah ……. Ing kali

Bocah-bocah lagi dolanan …….


C. Tulisen nganggo jejeg sambung!
  1. Bapak ngunjuk kopi
  2. Tina tuku obat ning apotek
  3. Aku numpak sepur ning stasiun
  4. Bocah kelas siji latihan senam
  5. Ning desaku ana kerja bakti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar